Soal Bahasa Jawa Kelas XI

 Pilihlah satu jawaban yang tepat dengan cara mengeklik pada salah satu jawaban A, B, C, D atau E !

1. Serat Wedhatama kaanggit dening ....

A. KGPAA Mangkunegara III

B. Pakubuwono III

C. Pakubuwono IV

D. Sri Sultan Hamengkubuwono IV

E. KGPAA Mangkunegara IV

KUNCI : E

2. Tembang macapat kang nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa mula kudu bisa njumbuhake kabutuhan lair lan

batin, kulawarga lan masarakat, pribadi karo Gusti yaiku ....

A. Pocung

B. Sinom

C. Pangkur

D. Kinanthi

E. Gambuh

KUNCI : E

3. Tembang macapat Gambuh awatak ….

A. Tresna asih, trengginas

B. Sumadulur, becik

C. Kakulawargan, sumadulur

D. Banter, nesu

E. Sembrana, lucu

KUNCI : C

4. Saben tembang macapat duweni paugeran kang gumathok, kajaba ....

A. cacahe wanda gatra sepisan padha gatra kapindho

B. saben tembang macapat duweni watak lan makna kang beda

C. tibane swara ing pungkasaning gatra

D. cacahe wanda saben sagatra

E. cacahe gatra saben sapada

KUNCI : A

5. Pathokan tembang Gambuh yaiku ....

A. 5 gatra: 8u, 10u, 12i, 8u, 8a

B. 5 gatra: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

C. 5 gatra: 7u, 10u, 12i, 8u, 8a

D. 6 gatra: 7u, 8a, 10u, 11i, 8u, 8o

E. 6 gatra: 7u, 8a, 10u, 12i, 8u, 8a

KUNCI : B

ULANGAN AKHIR SEMESTER Mapel CBT Halaman 2

6. Cakepan tembang Gambuh kang ngemu teges andharan babagan sembah patang prakara ing gatra ....

A. 1

B. 2

C. 3

D. 4

E. 5

KUNCI : B

7. Tegese cakepan tembang Gambuh gatra kapisan yaiku ....

A. Weling supaya nindakake patang prakara supaya kanugrahan Gusti

B. Andharan babagan sembah patang prakara

C. Wujud sembah raga, cipta, jiwa, rasa

D. Setitekna apa kang takandharake

E. Iku wujud kanugrahan Gusti

KUNCI : D

8. Tandha nugrahaning Manon ateges ....

A. Weling supaya nindakake patang prakara supaya kanugrahan Gusti

B. Andharan babagan sembah patang prakara

C. Wujud sembah raga, cipta, jiwa, rasa

D. Setitekna apa kang takandharake

E. Iku wujud kanugrahan Gusti

KUNCI : E

9. Serat Wedhatama pupuh Gambuh ngajarake ngenani manembah mring Gusti, kang kawentar minangka sembar catur. Salah

sawijine wujud sembah catur yaiku sembah raga kang ateges ....

A. Nindakake prentah-prentah agama kanthi kasad mata

B. Ngendhaleni hawa nepsu supaya ayem sajroning batin

C. Angkara kang ora dikendhaleni bakal nuwuhake prakara

D. Ngresiki batin kanthi waspada lan eling

E. Ora mangu-mangu maneh marang kekuwasaane Gusti

KUNCI : A

10. Sembah rasa sajroning sembah catur ateges ....

A. Ngresiki batin kanthi waspada lan eling

B. Nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata

C. Ngendhaleni hawa nepsu supaya ayem sajroning batin

D. Angkara kang ora dikendhaleni bakal nuwuhake prakara

E. Ora mangu-mangu maneh marang kekuwasaane Gusti

KUNCI : E

11. Crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masarakat ing

papan iku diarani ....

A. Novel

B. Pariwara

ULANGAN AKHIR SEMESTER Mapel CBT Halaman 3

C. Pawarta

D. Crita rakyat

E. Crita cekak

KUNCI : D

12.

Adhedhasar pratelan iku, kang kalebu titikan crita rakyat yaiku ....

A. (1) lan (2)

B. (1) lan (4)

C. (2) lan (3)

D. (2) lan (4)

E. (3) lan (4)

KUNCI : D

13. Wujud crita rakyat miturut William ana telu yaitu dongeng, legenda, lan mitos. Tegese legenda yaiku ....

A. Crita sing ngayawara lan ora bisa dipercaya

B. Crita kang paragane manungsa utawa dewa kang duwe kasekten ora masuk akal

C. Crita rakyat kang nyritakake dumadine sawijining panggonan

D. Crita kang dicritakake dening para kawuri kanthi lesan

E. Crita kang pangriptane kawentar saidenging donya

KUNCI : C

14. Adhedhasar jinising crita rakyat, pethilan crita iku kalebu ....

A. Legenda

B. Sage

C. Dongeng

D. Mitos

E. Hikayat

KUNCI : C

15.

Ide

pokok pethilan wacan kasebut yaiku ....

A. Mbok Truwelu ngajak anake dolanan ing njaban rong.

B. Mbok Truwelu nglatih anake ben ngerti kahanan ing njaban rong.

C. Anak truwelu seneng amarga dijak dolan ing njaban rong.

D. Mbok Truwelu ora tau ngidini anake metu saka rong merga wedi yen dipangan kewan galak.

E. Mbok Truwelu meling marang anake supaya ngati-ati menawa dolan.

KUNCI : A

ULANGAN AKHIR SEMESTER Mapel CBT Halaman 4

16.

Pitutur

kang bisa kosinau saka pethilan iku kajaba ....

A. Wong tuwa kudu nglatih anake urip ing bebrayan

B. Wong tuwa kudu ngati-ati anggone nggulawenthah anak

C. Dadi bocah kudu manut marang ngendikane wong tuwa

D. Menawa dolan ing ngendi papan kudu tansah ngati-ati

E. Bocah cilik ora pareng dolan adoh saka omah

KUNCI : B

17. Latar belakang kanggo mbantu cethaning laku crita kang ngemot perangan wektu, papan panggonan, lan sosial budaya

diarani ....

A. Setting

B. Tema

C. Alur

D. Paraga

E. Amanat

KUNCI : A

18. Urut-urutaning prastawa utawa kedadeyan jroning crita diarani ....

A. Setting

B. Tema

C. Alur

D. Paraga

E. Amanat

KUNCI : C

19. Wong-wong sing gegumuk ing ereng-ereng gunung Merbabu mau racake padha sombong-sombong mula Baru Klinthing

ditundhung ora entuk manggon ing tlatah kono.

Unsur intrinsik sajroning crita yaiku ....

A. Tema lan amanat

B. Wewatek lan alur

C. Tema lan wewatek

D. Sudut pandang lan setting

E. Amanat lan paraga

KUNCI : D

20. Sing jumeneng ratu ing Mendhang Kamolan ajejuluk Prabu Dewatacengkar. Sang prabu iku senengane dhahar daging

manungsa.

Unsur intrinsik kang kakandhut ing pethilan wacan yaiku ....

A. Setting lan tema

B. Alur lan sudut pandang

C. Paraga lan wewatek

D. Tema lan amanat

E. Amanat lan paraga

KUNCI : C

21. Pesen babagan barang/jasa kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar mediya utawa papan panggonan

umum kang katujokake marang bebrayan agung diarani ....

A. Pariwara

B. Geguritan

C. Pawarta

D. Sedhahan

E. Wara-wara

ULANGAN AKHIR SEMESTER Mapel CBT Halaman 5

KUNCI : A

22. Bab-bab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara, kajaba ....

A. Ukarane cekak aos

B. Basane prasaja lan gampang dipahami

C. Migunakake basa krama inggil

D. Tulisan lan gambare narik kawigaten

E. Menehi infromasi marang bebrayan

KUNCI : C

23. Pariwara kang nawakake babagan sosial, tujuane ngedol gagasan kanggo leladi marang masyarakat. Lumrahe pariwara iki

isine pangajak kanggo nindakake utawa malah ngedohi pakarti diarani ….

A. Pariwara komersial

B. Pariwara leladi jasa

C. Pariwara kesehatan

D. Pariwara keluarga

E. Pariwara sosial

KUNCI : B

24. Gambar iki kalebu jinis pariwara ....

A. Kesehatan

B. Keluarga

C. Leladi jasa

D. Komersial

E. Elektronik

KUNCI : D

25. Pratelan kang ora trep karo pariwara iki yaiku ....

A. Susu Dancow cocok kanggo bocah kang aktif

B. Susu Dancow katujokake marang wong tuwa

C. Pariwara kasebut nawakake susu Dancow

D. Dancow ngandhut vitamin kang becik kanggo bocah

E. Pariwara iku bisa kapacak ing majalah/ koran/ internet

KUNCI : B

26. Gambar iki kalebu jinis pariwara ....

ULANGAN AKHIR SEMESTER Mapel CBT Halaman 6

A. Komersial

B. Keluarga

C. Elektronik

D. Kesehatan

E. Leladi jasa

KUNCI : D

27. Pratelan kang ora trep karo pariwara kasebut yaiku ....

A. Pariwara kasebut katujokake marang kanoman.

B. Narkoba agawe urip ora tentrem.

C. Pariwara iku katujokake marang bebrayan agung.

D. Urip bakal mulya menawa ora nggunakake narkoba.

E. Wujud narkoba ana maneka werna.

KUNCI : A

28. Mediya kang ngemot pariwara yaiku ....

A. Brosur

B. Majalah

C. Lelayu

D. Iklan

E. Sayembara

KUNCI : B

29. Ing ngisor iki wujud pariwara online kajaba ....

A. Majalah Tempo

B. Instagram

C. Facebook

D. Web

E. Youtube

KUNCI : A

30. Gayut karo wosing pariwara, kang kudu digatekake nalika gawe pariwara kajaba ....

A. Objektif lan jujur

B. Cekak lan cetha

C. Narik kawigaten pamirsa lan pamyarsa

D. Ora nyinggung wong liya

E. Nduduhake kekurangan produk liya

KUNCI : E

31. Wacan kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos saengga bisa ngundhakake pangerten/wawasan

kanggo pamaos diarani ....

A. Deskripsi

B. Narasi

C. Eksposisi

D. Argumentasi

E. Persuasi

ULANGAN AKHIR SEMESTER Mapel CBT Halaman 7

KUNCI : C

32. Basa kang digunakake ing wacan eksposisi becike kudu ....

A. Ngayawara supaya katon akeh tulisane

B. Adhedhasar karep saka panulise

C. Subjektif lan emosional

D. Cekak aos lan gampang dipahami

E. Tanpa rasa subjektif lan emosional

KUNCI : E

33. Seni pertunjukan Jawa kang ngemu ajaran siningit (tersembunyi) kang kamot dialog, gerakan, ekspresi paraga, lan

sapiturute diarani ....

A. Wayang kulit

B. Ludruk

C. Reyog

D. Sandiwara

E. Gamelan

KUNCI : D

34. Gambar iki diarani kesenian ....

A. Lenong

B. Jathilan

C. Wayang wong

D. Sendratari

E. Kethoprak

KUNCI : B

35. Gambar sisih iki diarani kesenian ....

A. Lenong

B. Jathilan

C. Wayang wong

D. Sendratari

E. Kethoprak

KUNCI : C

36. Ing ngisor iki kang kalebu seni pertunjukan Jawa yaiku ....

A. Wayang golek, kethoprak, jathilan

B. Wayang wong, tari sufi, reog

C. Stand up comedy, ludruk, barongan

D. Sulap, lawak, wayang beber

ULANGAN AKHIR SEMESTER Mapel CBT Halaman 8

E. Sendratari, barongsai, teater

KUNCI : A

37. Owah-owahan underan crita (tema) sajroning pagelaran kethoprak yaiku ....

A. Piranti tetabuhan kethoprak jaman biyen migunakake lesung, dene saiki migunakake gamelan.

B. Pagelaran kethoprak ngrembaka ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Timur.

C. Crita kethoprak jaman biyen isih prasaja, dene saiki migunakake crita rakyat, sejarah, utawa babad.

D. Kethoprak minangka dolanan tiyang dhusun kang ngenggar-enggar ati.

E. Unsur kang mangun kethoprak yaiku alur, paraga, wewatek, latar, lan amanat.

KUNCI : A

38. Teks eksposisi duweni titikan kang gumathok, kajaba ....

A. Ngandharake informasi-informasi

B. Nggambarake peprincen sawijining objek

C. Andharane cetha lan nganggo basa baku

D. Cakrik informasine ngajak-ajak

E. Ora meksa kekarepane panulis marang pamaca

KUNCI : E

39. Gambar iki diarani kesenian ....

A. Kethoprak

B. Sendratari

C. Wayang kulit

D. Karawitan

E. Wayang beber

KUNCI : C

40. Gambar iki diarani kesenian ....

A. Kethoprak

B. Sendratari

C. Wayang kulit

D. Karawitan

E. Wayang beber

KUNCI : D

41. Purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane diarani ....

A. Purwakanthi guru sastra

B. Purwakanthi guru swara

C. Purwakanthi guru lumaksita

D. Purwakanthi guru basa

ULANGAN AKHIR SEMESTER Mapel CBT Halaman 9

E. Purwakanthi guru gatra

KUNCI : C

42. Purwakanthi kang runtut swarane diarani ....

A. Purwakanthi guru sastra

B. Purwakanthi guru swara

C. Purwakanthi guru lumaksita

D. Purwakanthi guru basa

E. Purwakanthi guru gatra

KUNCI : B

43. Purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake diarani ....

A. Purwakanthi guru sastra

B. Purwakanthi guru swara

C. Purwakanthi guru lumaksita

D. Purwakanthi guru basa

E. Purwakanthi guru gatra

KUNCI : C

44. Unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten dene ukara kapindho minangka isi

diarani ….

A. Purwakanthi guru sastra

B. Purwakanthi guru swara

C. Purwakanthi guru lumaksita

D. Parikan

E. Wangsalan

KUNCI : D

45. Unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhek) dhewe diarani ….

A. Purwakanthi guru sastra

B. Purwakanthi guru swara

C. Purwakanthi guru lumaksita

D. Parikan

E. Wangsalan

KUNCI : E

46. Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru swara yaiku ....

KUNCI : C

47. Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru sastra yaiku ....

A. A lan B

ULANGAN AKHIR SEMESTER Mapel CBT Halaman 10

B. B lan C

C. C lan D

D. D lan E

E. E lan A

KUNCI : A

48. Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru lumaksita yaiku ....

A. A lan B

B. B lan C

C. C lan D

D. D lan E

E. E lan A

KUNCI : D

49.

Pacelath

on antarane Bapak lan Ali iki bisa digambarake nganggo wangsalan yaiku ....

A. Njanur gunung, kadingaren ditimbali guru BK

B. Mutra bebek marai wira-wiri menyang sekolahan

C. Njangan gori, nganti judheg anggone ngrasakake solah bawane

D. Klapa mudha, yen kalegan paringan pangapura

E. Nyarong bumbung, nganti cengklungen anggone ngenteni

KUNCI : C

50. Parmin iku wong kang seneng nguja kasenengane anake. Dheweke ngedol lemah kanggo nukokake montor anake.

Parikan kang jumbuh karo pratelan iku yaiku ....

A. Neng pasar Mungkin tuku wader, dadi murid kudu pinter

B. Bumiayu kuthane gedhe, ben rahayu sakabehe

C. Jarik lurik weton Purbalingga, luwih becik sing prasaja

D. Pitik cilik cucuke dawa, wong urip aja neka-neka

E. Saron bumbung ditabuhi ing ara-ara, mumpung enom sregep makarya

KUNCI : C

Comments